Kamis, 25 April 2013

PAWARTA BASA JAWA


--  PAWARTA  --

Assalamualaikum Wr. Wb.

Wilujeng para pamiyarsa, Pawarta dinten menika surya kaping 19 Januari 2013.
Pinanggih malih kaliyan kita, Amiirah Putri lan Dhia Sasmita kagiyaraken saking Smaracatur On Air Surakarta.
Pawarta ingkang wigati inggih menika KAPAL PATROLI NJEBLUG.
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jumat 18 Januari 2013 bengi. 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala.
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buah kapal nedya nguripke genset kanggo mbacutake patroli, ujug – ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem menyang dhasaring segara. Direktur Jenderal Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni amarga kacilakan wektu gensete arep diuripke. Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindhakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
Mekaten pawarta ingkang sampun kagiyaraken lumantar radio Smaracatur On Air Surakarta.
Mugi rahayu ingkang tansah sami pinanggih.

Nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.